me n layli

me n layli

Selasa, 31 Agustus 2010

Pidato


Assalamu’alaikum Wr Wb
Bapak-baoak saha ibu-ibu ingkang kula hormati. Adik-adik warga karang Taruna ing desa Sukorejo ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sami muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring rahmad dhateng kita, saengga kita saged manuggal kempal wonten ing dalemipun Bapak Samekta kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Adhik-adhik warga Karang Taruna ingkang kula tresnani. Kula minangka kepala desa Sukorejo rumaos mongkog, suka gembira. Jalaran adhik-adhik nggadhahi tekad lan niyat ingkang luhur, inggih punika adhik-adhik sampun purun manunggal kempal wonten ing wadhah Karang Taruna ing desa Sukorejo ngriki.

Kegiyatan punika minangka pratandha bilih adhik-adhik kalebet mudha-mudhi ingkang sadhar dhanten persatuan saha kesatuan. Pramila kul nyuwun mugi-mugi adhik-adhik tansaya saged ngindhakaken raos persatuan menika kanthi nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang murakabi kangge kemajenganing desa Sukorejo ngriki mliginipun, sumrambahipun ing tlatah Kendal.

Dhumateng adhik-adhik ingkang nggadhahi kagunan saha ketrampilan menapa kemawon ingkang sae, kula suwun purun nularake dhateng adhik-adhik sanesipun. Saengga mangkeh warga karang taruna ing desa Sukarejo tambah seserepanipun inhkang prodhuktif. Aslinipun saged nambah esejshteraanipun warga karang taruna saha dados kemajenganipun desa.

Kula nyuwun supados sesame warga purun caos lan nampi pepenget mbok bilih wonten tumindak ingkang nalisir saking bener. Kanthi mekaten sedaya saged lumampah kanthi sae. Tudhonipun saged dados tepa tulada datheng adhik-adhik ingkang kaprenah taruna.

Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten ceweting atur kula nyuwun pangapunten Iwak sepat dibumbu santen, sadaya lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr Wb